SESANTI
Angsluping baswara anggawa duka Tumlusup ing ati tanpa kena diwaleri Sansaya wengi Nglenggana sansaya ndadi Sepi Sepining diri Duh, wong bagus Ngertiya nglenggananing jiwa Kelangan rasa mecaki dina-dina Tanpa ngerti, Ngendi teba ngendi wewangenan Aku isih kelingan Nalikane ing plataran Nyawang rembulan bebarengan Nitiki wengi ngitungi lumintang Sumebyar padhang ing lelangitan Aku ngerti Aku uga mung tansah nglakoni Garising pepesthen kang wus dumadi Amung siji tan dadi sesanti Ugeming janji dak anti-anti (lan sliramu mesthi ngerti, ora gelem ngerti) Dudu nggresula dudu donga Aku amung kepingin ngerti: Kowe saiki ana ngendi?
NAhhh pada puisi jaa di atas mengedepankan tentang cinta seperti lagu lagu campur sari hahahaha kalau anda berminat silahkan di contoh.Ron Garing Wengi sansaya atis Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan Kang digawa dening angin Prasasat tan kendhat Anggonku kulak warta adol prungu Ananging isih mamring Aku wis pingin cecaketan Obormu kang makantar-kantar Madhangi jangkah lan jagatku Ana ngendi papanmu Lelana tapa brata Tanpa pawarta tanpa swara Aku kadya ron garing Kumleyang kabur kanginan Ing jagat peteng lelimengan Krasa luwih abot Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep Mlakuku ora mantep Kagubet ribet lan ruwet Adoh saka cahyamu Pedhut ing sakindering pandulu Panjenengan Guruku, sihku, oborku Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
TOLONG YANG TAU ARTINYA BANTU AKU MENGARTIKANYA THANK YOU. BY:BATEX MADREM
Tidak ada komentar:
Posting Komentar